hjn

Advertisment

Sabtu, 01 Maret 2014

NGIDAM SARI
Bawa :  
DHUH WONG AYU PEPUJANING ATI
KAYA NGENE WONG NANDHANG ASMARA
 APATA AWAKKU DHEWE
DHUH DEWA JAWATA GUNG
WELASA MRING AWAK MAMI
BESUK KAPAN KETEKAN
JEJER LAN WONG AYU
UMPAMPAKNA NAHKODA TANPA PRAU                SASADARA DEN PEPETRI
NGIDAM SARI ASMARA

Umpama sliramu sekar melathi, aku
kumbang ngidam sari
Umpama sliramu margi wong manis aku
sing bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana janji
prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra rinasa karasa
rasaning driya
Midera sajagad raya , kalingana wukir lan
samodra
Nora ilang memanise adhuh dadi ati
selawase
Nalikane rohing ndalu atiku
Lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali, lha kae lintange
mlaku.

SETYA TUHU
Aku kang setya satuhu ,wit byen nganti
saiki
Bebasan peteng kapa-pak obor sumunar
Andhika pangayomanku
Lahir batinku wus nyata
Amung sajak-e andhika semune kurang
rena
Tanda yekti paseksene rikalane
Ngangkat awrat, mlampah tebih datan lesu
Mugantuk berkahing widi
Andhika mung tansah limpat
Panyuwunku setya kula tansah anglam
lami
CAPING GUNUNG
Bawa : SABEN BENGI NYAWANG KONANG
AMEMAJANG MUNG JANUR
KUNING
 KEMBANG WAE WETON GUNUNG
PACITAN SARWI JENANG
PANAS UDAN ALING ALING
CAPING GUNUNG
NADYAN WADON SARWI LANANG
INUMANE BANYU BENING

Langam : Dhek jaman berjuang , jur
kelingan anak lanang
Biyen tak openi , ning saiki ana
ngendi
Jarene wis menang , keturutan sing digadhang
Biyen nate janji , ning saiki apa lali
Neng gunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping gunung
Sokur bisa nyawang gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa

RICIK BANYUMASAN
Ricik kumricik gerimise wis teka sedela
mandek
Bapake wis teka, nyong kaget aduh le
kabotan bapak
Bungkus merak wedoke sing numpak.
Lirik Lagu Pengen Nyanding
Sejak pertama ku berjumpa dengamu
Gemeter atiku yen nyawang netramu
Duh wong ayu, opo sliramu ora kroso
Solah bawamu, tak gatekke sabendino
Hari-hariku, kudu menanggung rindu
Awan wengi, rasane pengen ketemu
Duh wong ayu, ojo mung teko ning impenku
Pengen aku, nyawiji karo uripmu
reff :
Koyo ngene rasane, nandang asmoro
Pengen nyanding, anane ra ono liyo
Opo tego sliramu, nyawang awakku
Kesikso roso, mergo nunggu tresnamu
Nganti kapan, sliramu kerso ngendiko
Nelakke roso, ora liyo roso tresno
Duh katresnan, ojo ninggal aku lungo
Tak enteni, nadyan nganti ganti mongso
reff :
Sejak pertama ku berjumpa dengamu
Gemeter atiku yen nyawang netramu
Duh wong ayu, opo sliramu ora kroso
Solah bawamu, tak gatekke sabendino
Hari-hariku, kudu menanggung rindu
Awan wengi, rasane pengen ketemu
Duh wong ayu, ojo mung teko ning impenku
Pengen aku, nyawiji karo uripmuuuu.....

iklan